Sumbangan : Kang Solihin
Kule sebut kasihe Ustad Ujang. Maler nem. Umure paleng tembekan 30an. Ciri khas nuturaken ceramahe: nyantai, longlonan, datar, murah senyum, terus lamun hadirine wes nane seng rade ngantuk, langsung suarane ngembat sampe wong seng matane sampun kier-kier gah dados melek maleh.
Langsung manjing neng topik pengajian, dipuniku tentang bab do’e. Cepene, kelipun katah wong ngedo’e tapi do’ane boten tiijabah? Ternyate jawaban saking ustad Ujang mungkin saos salah care (salah teknis cepe wong senikine mah), salah kirim, atawe salah alamat.
Lamun care-care seng tiajaraken kanjeng Nabi, cepene, ngenggo suare lirih. Lirih niku boten ngembat-ngembat, cukup neng jeruh ati saos kerane Pengeran-mah boten budeg. Lan kapeng rorone sereng lemah lembut lan rendah hati. Napek keburu-buru kaye arep lelungan wedi ditinggal kerete.
Lamun salah kirim, cepene, mungkin saos! Cobe bayangaken, katah wong arep ngedo’e udu bae to the point (cepe bocah seng kursus bahasa Inggris-mah) atawe langsung neng maksude, nikumah tiselimpang-selimpangaken neng wong seng sampun padem. Lha wes gah salah kirim. Emboh neng syekh A lah, syekh B lah, lan syekh liane. Padahalmah, cepene, mboh kenal emboh ore karo syekh seng wes neng jeroh kubur kuen. Wong uwonge wes mati jeh, ape urusanane. Tirubung lamuk mah iye. Terus sang Ustad ngutip sabda kanjeng Nabi, sinten sinten anak cucu Adam sampun ticabut nyawane, mangke amale wes tipetot alias sampun tipegat. Kecuali telung perkare. Salah sijine doa anak seng soleh. Noli, sing tikubur karo wong wong seng pade zarah kaen sapane? Dulure, anake, cicite, atawe sintene? Lha neng rikilah seng perlu jadi renungan kangge kule sedanten.
Saat ngelirik tembok sampun jam sange, pa Ustad langsung nutup pengajian.
Sekepripun biasane, sesampune ceramah, hadirin seng maler derebe unek-unek atawe ganjelan neng ati diisungi kesempatan tetaken.
Langsung saos, sesampune minum lan daharan jejabur ala kadare kule derebe gegerunek seng kudu tipecahaken. Nape niku? Cepe ustad, lamun ayun ngedo’e wes boten usah mace hadarah neng Nabi kang agung lah, neng arwah anu lah, syekh anu lah, atawe sayidina sintenlah …
Mireng kata-kata niki kule bener-bener kesinggung. Kelipun? Soale, seng barang laher sampe seniki, setiap milet reriungan neng masjid, mushala, atawe riungan neng umah, sedanten gah boten tinggal seng arane bacaan hadarah niku. Kelipun pengajian sipeng niku bener-bener ngilangaken, malah nganggep musyrik sape-sape wong seng lamun ayun ngedo’e kaye mekoten.
Tijawab nyantai sereng Ustad, demi ngelurusaken tauhid mareng Allah Kang Agung, mulai detik niki, istighfar saos seng katah, iringi sereng amalan seng lurus. Dados, lamun wenten kesempatan mengpen do’e, ngge kaye mekoten lah seng tiajaraken kanjeng Nabi. Langsung saos mace fatihah, shalawat, lan do’e. Nape titambahi embel-embel liane.
Atas penjelasan niku, kule dereng puas. Kule derebe niatan tetaken maleh neng para sesepuh, kepripun asal usul do’e wenten hadarahe niku. Kangge perbandingan, ustad Ujang sipeng niku nyekel kitab Fathul Madjid seng tulisanane Arab gundul.
Cocok kangge renungan lan nambahi wawasan atas keberagamaan kule.
Wassalam
Openan....